Geguritanku


Aku Kanggomu

Aku dudu kembang kang edi lan peni,

Ugo dudu tanduran kang arum,

Keporo malah dadi mungsuhe kadang tani ,

Opo maneh pengarep tinandur ing tamansari,

Aku cinipto tanpo guno ,

Kang tumungkul ono selaning bumi ,

Aku ngrumangsani,

Yen sadermo titah pinesthi,

Gur sadermo suket kang ngebaki galengan,

Kang ono pinggir dalan,

Siji sing tak ugemi U

rip ku lelandesan bekti Marang Hyang Widi

Gondelale ayat2 suci

Oyot2ku dadi seksi

Godhong2 ku ditaleni dadi siji

Minangka bekti marang agesang

Kang gawe uripku duwe tujuan

 

 

Bandung, Jan 2020


Leave a Reply