Geguritanku (4)


Lamis

opo udan wes dadi grimis
ing mangsa ketiga tekone manis
jebul teko udan kang gawe miris

ing selaning wektu
jenengan pernah celathu
nyritani jaman dahuru
sampe tekan jaman madu

ing selaning ngimpi
ndiko tahu janji
bsok kabeh bakal adi
bsok kabeh bakal peni

kala kala ing wektu
ndiko tahu celathu
jarene madu
jebule paite ndalu

kenapa saiki
ndiko blenjani
janji seng pernah dipepethi
sing jarene wangi koyo mlathi
nora ono bukti
nora ono saksi

kenapa ndiko dora
omong ngoyowara
agawe lelara
ing jero dhadha

pancene manis
ing lathi lamis
ukara kebak pitakon miris
agawe donya sinis [marang aku]

Bandung, feb 2020


Leave a Reply