Geguritanku (3)


Udan Grimis ing Februari

wes suwe
udane netes
nang bumi pertiwi
ngelingake
aku marang sliramu
kang saiki
tansah ngiwi iwi

wes suwe
oleh gon ku kelara
amerga percaya
janji kang lamis
ketoke manis
jebule garahi miris

wes suwe
olehku cuwa
marang crita
kang ngayawara
saiki ngana
sesuk nglegena

wes suwe
anggonku perih ati
tak rewangi
niba tangi
tapi kowe api api
ora mangerteni
kabeh bekti

ing wayah udan grimis ngene iki
aku mujo puji
ing GUSTI Kang Murbeng Dumadi
kabeh tak iklasi
trekahmu iki

ing udan grimis sasi februari iki
mugi
kabeh tak lali lali
kabeh mili
dosaku dosa niro dadi siji
ngwajibani
dhawuhe Gusti

ing udan grimis sasi februari iki

aku pamit bali

Bandung, Februari 2020


Leave a Reply