Geguritanku (2)


Layang Njero Laci

Wis telung windu anggonku nresnani
Sliramu sing tansah merak ati
Gawang ginawang ing tlapukan
Sliramu kang tansah ngiwi iwi

Esemmu sek merak ati
Tansah kesimpen ing telenging ati iki

Iki crito sliramu lan aku
Kang ono ing mburi jendela
Opo jenengan pirso
Yen ono layang saklembar,
Keri ono mejo
Nyimpen tulisan kang ora kawaos nganti purna
Ana mejo,ngisor jendela
Suwekan layang tresna
Layang njero laci
Nyimpen cerita kang ngumbara
Cerita kang keri,
Dadi memori,
Aku lan sliramu gantilaning ati

Bandung, Feb 2020


Leave a Reply